< Serat Centhini Jilid 01 - Halaman : 1 > SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS) Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta PRAWACANA Sêrat Cêthini aksara Latin punika aslinipun sêratan aksara Jawi, cacahipun 12 jilid, kandêlipun langkung saking 3.500 kaca. Sêrat ingkang asli sumimpên ing Sanapustaka kraton Surakarta. Dene ingkang wontên ing Rêksapustaka Mangkunagaran, Pahêman Radya-pustaka Sriwêdari. Museum Sana Budaya Yogyakarta. Museum Gêdhong Gajah Jakarta lan sanès-sanèsipun punika sadaya turunan utawi turunaning turunan. Sêrat Cênthini jangkêp 12 jilid dumugi sapriki dèrèng nate kawêdalakên sarta kacetak aksara Jawi utawi Latin. Nalika taun 1912 M mila sampun wontên Sêrat Cênthini Latin wêdalan ‘Bataviaach Genootschap van Kunsten en Wetenschappen’, cetakan Firma Ruygrok & Co ing Bêtawi cacahipun 4 buku isi 8 jilid, jilid 1 dumugi 8, ananging cetakan Latin wau sayêktosipun ‘pêthikan’ saking aslinipun jilid 5 dumugi 9. Dados, pêthikan ing têngah lan botên kenging kawastanan jangkêp. Cêthanipun. Sêrat asli jilid 1 dumugi 4 tuwin jilid 10 dumugi 12 botên kawêdalakên. Katrangan bab Sêrat Cênthini pêthikan wau badhe kaaturakên ing wingking. Dumadosipun Sêrat Cênthini Dumadosipun Sêrat Cênthini wau awit saking karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III, putra Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV (jumênêng 1788-1820 M) ing Surakarta. Kangjêng Gusti wau ing têmbenipun jumênêng Sinuhun Pakubuwana V (1820-1823 M) ingkang ugi sinêbut Sunan Sugih. Ingkang pinatah mandhegani anggubah Sêrat Cênthini wau abdidalêm kliwon carik kadipatèn wasta Sutrasna ingkang ugi sinêbut Ki Ngabèi Ranggasutrasna, dipun kanthèni: 1 Radèn Ngabèi Yasadipura II (Radèn Tumênggung Sastranagara), abdidalêm bupati pujangga kadipatèn; 2 Radèn Ngabèi Sastradipura, abdidalêm kliwon carik kadipatèn. Sasampunipun nindakakên ibadah haji, gantos nami Kyai Haji Mohammad Ilhar; sarta kaparingan pêmbantu: 1 Pangeran Jungut Mandurarêja, pradikan krajan Wangga, Klatèn, Surakarta; 2 Kyai Kasan Bêsari, ngulama agung ing Gêbangtinatar, Panaraga, mantudalêm Sinuhun Pakubuwana IV; 3 Kyai Mohamad Minhad, ngulama agung ing Surakarta. Wondene ingkang minangka lajêring cariyos lêlampahanipun Jayèngrêsmi inggih Sèh Amongraga. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom maringakên sêrat ‘Suluk Jatiswara’, kadhawuhan ambabar tuwin ambèbèr kanthi moncèr. Dene ‘Suluk Jawiswara’ wau