< Serat Centhini Jilid 03 - Halaman : 1 >
1 I. Taksih sami wontên ing Mataram, mirêngakên dongèngipun Ki
Cêndhanilaras bab Ki Harda ingkang pados sarat sagêdipun angsal kasugihan
ing wana Roban ngantos kabul. ... kaca 1-6.
Jilid 3 - Kaca : 1
SÊRAT CÊNTHINI III
175. Pocung
1. Pan apanggih sianak kaliyan tamu |
Ki Mase Cêbolang |
lan rencang sakawan santri |
ah wangune boya lidok pêthèkingwang ||
2. Kyai Amat gumuyu mangsuli èstu |
Ki Cêndhaniraras |
sasalaman ganti-ganti |
sadangune lumampah kojah-kojahan ||
3. Nulya uning wisma gung bagus kalangkung |
amangku radinan |
bango pisang-slirang thirik |
Mas Cêbolang tanya mring Amat Têngara ||
4. Baya niki adhi wismaning tumênggung |
o lha sanès kakang |
mung wismane tiyang sugih |
anak randha anama Bagus Hartawan ||
5. Sak-Mantarum datan wontên saminipun |
kilap darunanya |
cobi tanya Ki Cêndhani |
tamtu mirsa ingkang dadya ing jalaran ||
6. Ki Cêndhaniraras anambungi wuwus |
mangke kula crita |
jalarane langkung sugih |
kalih mlampah dados botên kraos sayah ||
7. Kyai Hardasangsara kala rumuhun |
mêskine kalintang |
lajêng mêrês tekatnèki |