< Serat Centhini Jilid 04 - Halaman : 1 > 1 Ki Sali ing Laweyan nglajêngakên katrangan bab Jangka Jayabaya, wiwit jaman Kalawisesa ing jaman Pajajaran dumugi jumênêngipun turun Sultan Erusakra ing Ngamartalaya ngantos dumuginipun Kiyamatkobra ... kaca 1-6 Jilid 4 - Kaca : 1 SÊRAT CÊNTHINI IV 257. Pocung 1. Pitung kraton Pajajaran awitipun | praptèng akir jaman | nanging kang nênêm nagari | lawan ingkang jumênêng sri naraswara || 2. Dhèdhèh sirik lamun kawêdharing wuwus | kalawan sumadya | dadya moncèring pambudi | yèn wus dhaup narima takdiring Suksma || 3. Têmah datan waonan nanacad gunggung | mring samèng tumitah | miwah jantraning nagari | tyas priyawak kang eling lawan waspada || 4. Jroning jaman Kalawisesa puniku | apan ana jaman | dènarani Andêrpati | nagrinira ingaranan Pajajaran || 5. Tanpa adil sêpên udanagarèku | wong cilik wadal mas | sirnaning karaton awit | lalawanan lawan kadangnya priyangga || 6. Êndi ingkang rosa andadra dalurung | (ng)gènning mangunyuda | mung ing dalêm satus warsi | rusaking kang karaton ngalih nagara || 7. Kang kapindho araning jaman winuwus | ing Sri Kalaraja | patih Dewaraja nênggih |