< Serat Centhini Jilid 08 - Halaman : 1 > 1 (Ki Arisbaya nglajêngakên dongèngipun kadhaton Kabarehan) Ki Arisbaya nglajêngakên dongèngipun kadhaton Kabarehan. Sèh Amongraga kairid manjing prênahing swantên anggêgirisi, gumuruh pating jalêrit kados lampahipun tiyang boyongan angili. Sèh Amongraga 4 dalu wontên ing ngriku manungku puja. Lampahipun kalajêngakên, andarung nurut ardi Sakêthi (gunung Sèwu), ngambah rêdi Bungkak, Bau, Lèrèk, Kunci, Patak, Tekong lss. Dumugi ing guwa Kalak, kapanggih Ki Lokasraya. Ing ngriku lêrêm 21 dintên, adus ing patukan toya, lajêng tumurun dhatêng jêrambah badhe lumêbêt ing Song- putri. Arêpit rakiting guwa, pintu guwa kados ruji karang mêncorong. Manjing Song-putri sumêrap langêning song, sangkêp kadi raja kaputrèn endah, wontên ingkang kados pasareyan, sumbul lan pratula, kasur, bantal, guling, pêponcèn lan pêthi. Mangandhap katingal kados langêning kaputrèn amêpêksi. Ki Lokasraya pratela bilih margi ing Song-putri rungsit sangêt, botên sagêd mlêbêt kajawi ingkang katarimah. Kaca 01 - 13 Jilid 8 - Kaca : 1 SÊRAT CÊNTHINI VIII 404 Wirangrong 1. Sèh Mongraga ngandika ris | marang Ki Arisbaya lon | yèn mangkono paman anira yun | pan arsa udani | têlênging Kabarèhan | ayo paman Arisbaya || 2. Muga tuduhna wak-mami | marang prênahê kêdhaton | Risbaya turira sandika wus | tumindak lumaris | mring wana Kabarèhan | tan kari Ki Jamal Jamil || 3. Mangalèr malipir wukir | lêmpat-lêmpiting lêlêmpong | prapta kayangan têlêngipun | Kabarèhan wingit | kèh têluh taragnyana |