Laire GathutKaca Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca. Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot. Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud manungsa biasa lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa yaiku Karna uga nglakoni semedi njaluk senjata pusaka marang Dewa. Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake goncange kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusare Tetuka, saengga ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing kene kedadean anane kakeliruan, Bathara Narada ora bisa bedakake antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi. Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan Karna, akhire Bathara Narada menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet- cepet goleki Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Ora suwe Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding antarane Arjuna lan Karna. Ing perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu Karna. Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta wijayadanu. Senjata mau pancen sekti, karo sarunge wae bisa medhot tali pusare Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau mlebu ing jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane kang duwe senjata kasebut.