GLADHEN SOAL UJIAN SEKOLAH 1. Kanyatan lan kudu nduweni sipat singkat, padhet, ora malehi, aktual lan nduweni daya pangaribawa iku minangka ... artikel. a. ciri-cirine c. isine e. jinise b. tegese d. dhasar panulisan 2. Panulisan sawijining artikel ora oleh mihak utawa ngrugekake sawijining golongan kalebu cirine artikel utawa karangan ilmiah yaiku... a. lugas c. obyektif e. tuntas b. logis d. mawa sistem 3. Panulisan sawijining artikel kudu diawiti kanthi pambuka lagi mlebu menyang isi utawa pokok bahasan lan dipungkasi kanthi panutup kang isine solusi utawa kesimpulan kalebu cirine artikel utawa karangan ilmiah yaiku... a. lugas c. obyektif e. tuntas b. logis d. mawa sistem Gatekna cuplikan artikel ing ngisor iki! Golek Mari ing Puskesmas Pinggirsari dening: tangguh hw Pinggirsari sawijining dhaerah kang manggon ing kabupaten Ponorogo sisih kulon. Kaya umume dhaerah liyane ing Pinggirsari uga dipepaki sarana kesehatan arupa Puskesmas kanggo tansah njaga kesarasan para wargane. Puskesmas Pinggirsari kondhang minangka panggonan kanggo ngusadani lelara gatel. Ora amarga dhokter spesialis kulit kang jempolan nanging amarga banyu sumur ing samburine puskesmas. Ing mburine puskesmas kono pancen ana sumur lawas wiwit jamane babat tlatah Pinggirsari. Saliyane sumur tuwa ing kono ana pasareyane sesepuh desa kang banget diajeni dening warga Pinggirsari lan sakupenge. ........................................................................................... 4. Artikel ing ndhuwur sacara umum kalebu jinising artikel... a. formal c. semi formal e. ora resmi b. resmi d. populer 5. Artikel populer biasane diemot ana ing... a. kalawarti c. papan pengumuman e. skripsi b. jurnal khusus d. buku 6. Fakta utawa kanyatan apa kang ndhasari panulisan cuplikan artikel ing ndhuwur... a. ing puskesmas Pinggirsari ora ana dhokter kulit b. Pinggirsari manggon ing Ponorogo c. puskemas Pinggirsari manggon ing cedhak kuburan d. ana sesepuh desa kang diajeni ing Pinggirsari e. ana banyu sumur kuna kang bisa ngusadani lelara gatel ing samburine puskesmas Pinggirsari 7. Adhedhasar pokok bahasan lan isine artikel ing ndhuwur kalebu jinising artikel... a. penuntun praktis c. politik e. olahraga b. budaya d. ekonomi 8. Adhedhasar tujuan panulisane artikel ing ndhuwur kalebu jinising artikel... a. eksplanatif c. eksploratif e. prespektif b. ekspresif d. prediktif 9. Crita wayang kang ngrembaka ing tanah Jawa saiki crita babonane asale saka... a. Indonesia c. Gujarat e. India 1 Sugeng Makarya