Kembang Sore: “Paman Menak Sopal, kenging menapa kanjeng pangeran Lembu Peteng kok gugur kados mekaten, Paman?” Menak Sopal: “Oh.... wong ayu, wong ayu. Wong ayu Kusumaning Ayu Dewi Roro Kembang Sore. Karana pangeran Lembu Peteng tumekaning pa ra nger sangka paraning bilahi. Sak jerone anggone lumaku marang jeneng sira kena tumbak e mangkono ya kuwi kakang Kasan Besari wong ayu.” Kembang Sore: “Paman Menak Sopal, panjenengan aja wedi kangelan ana lelakon kaya mangkene. Yen panjenengan ora enggal menyang Kraton Majapahit ngaturi pirsa sinuwun Prabu Brawijaya, saya kedlarung-dlarung lelakon iki. Aku ora trima temenan paman Menak Sopal, sumpah.” Menak Sopal: “Kaya mangkene byuh yuh iyuh-iyuh. Mara coba diprayogakna, paman bakal sowan ana masane Prabu Brawijaya mangkono wong ayu.” Kembang Sore: “Paman Menak Sopal.” Minak Sopal: “Inggih kula wong ayu Roro Kembang Sore.” Kembang Sore: “Panjenengan sowan menyang Kraton Majapahit, gelang lelakon iki aturna ana bisa manang agung Majapahit. Seksenana Retno Kembang Sore prasaba pusakane Kangmas Pangeran Lembu Peteng bakal takgawa. Aku lunga saka ngarsane kanjeng rama prabu Mbedalem, aku ora bali yen durung bisa malesake pane Kangmas Pangeran Lembu Peteng mangkono.” Minak Sopal: “Kaya mangkono wong ayu Roro Kembang Sore, apa kang dadi panyuwunmu bakal tak ndakake mangkono Roro Ayu Kembang Sore.” Kembang Sore: “Sepisan maneh aku sapda langit bumi sak isine nderek nyeksanana. Pinuju aku nyabrang kali klawan kang mas pangeran Lembu Peteng, gugur sangka papan panggon nyatane ambruk njero ning kali. Mula iki, nggone seda kang mas pangeran Lembu Peteng, iki ya dadi kali-kali lembu peteng mangkono.” Minak Sopal: ”Yo aku miji lan nyekseni apa kang dadi sabdamu wong ayu Roro Kembang Sore yo.” Kembang Sore: ”Paman dipa Kalang aja enak kapenak, Retno Kembang Sore sing ora nrimakake. Utang wirang tak saur wirang, aku iki kudu mbalesake pane kang mas pangeran lembu peteng.” Retno Kembang Sore mlajar-mlajar minggah wonten ing pagunungan ana ereng-ereng gunung, ana bocah ala. Jenenge Joko Bodho omahe ndesa golek kayu ning alas. Entuk kayu selagi sak pondongan, Kesaruk playune Retno Kembang Sore. Kageng Joko Bodho. Kembang Sore: “Lhayoto kok kebangeten, kudu metu cara piye nggonku mbalesake pane kang mas pangeran Lembu Peteng. Iki aku arep mlaku kok enek bocah elek ngalang ngalangi aku. Kowe ngaliho wong elek aja ngedhang-ngedhangi lek ku mlaku. Joko bodho: ”Wah, iki ana pawungan sing banget endah sulistyo warna. Pawungan saka ngendi sapa kang dadi aranmu wong ayu?” Kembang Sore: ”Aku, jenengku Retno Kembang Sore. Kowe sapa?” Joko Bodho : ”Lha lek takon marang aku jagad sak isine nyeksenana jenengku Joko Bodho . Mangkono wong ayu.” Kembang Sore: ”Yo kok apes men, wis dadi joko katek bodho.”